Selasa, 15 November 2011

Macapat lan Lagu YOGYAKARTA PANCEN ISTIMEWA

Bawa Sekar Dhandhanggula kanyut
"YOGYAKARTA PANCEN ISTIMEWA"

Pinurwaka kidung amrih manis,
gya kabeber nagri Yogyakarta,
... kang wus jembar kuncarane,
wiwit jaman rumuhun,
Yogyakarta wus madeg nagri,
Karaton Kasultanan,
Kadipatenipun,
nggih Pura Pakualaman,
kekalihnya sinebat dwitunggal yekti,
darapon nunggal sedya.
Lagu Salebeting Basa Jawa:
Laras Pelog Pathet Nem
Lagu : "YOGYAKARTA PANCEN ISTIMEWA"

Wus kawentar ing Nusantara
... Kutha plajar budaya pariwisata
adat tata cara tradhisi trus lestari
tekat masyarakat warga Yogyakarta.

Golong gilig saeka praya
tansah sengkut gumrengut tumandang karya
kanthi rasa sengguh ngadhepi datan mingkuh
yeku gegebengan murih kasembadan.

Kraton miwah Pakualaman
yekti minangka punjering kabudayan
ingkang ngemot makna simbuling panguwasa
wiwit jaman kuna wus madeg negara.

Kang sinebut ing Ijab Qobul
amanat rikala manunggal mring praja
nagari mardika Republik indonesia
nyata Yogyakarta pancen Istimewa.

Gubernur lan Wakil Gubernur
katetepna kang lagya jumeneng nata
ngayomi kawula pan adil paramarta
mesthi tata tentrem kerta tur raharja.

0 komentar:

Posting Komentar